JAKARTA, iNews.id - Contoh pidato bahasa Jawa singkat berbagai tema dan mudah dihafal cocok disampaikan untuk sejumlah acara.
Pidato bahasa Jawa umumnya menggunakan bahasa Jawa halus atau bahasa krama inggil sebagai bentuk sopan santun serta untuk menghormati audiens.
Sedangkan struktur teks pidato bahasa Jawa secara umum dibagi menjadi tiga bagian, yakni surasa basa (isi pidato), wigatine (kesimpulan pidato), dan pangarep-arep atau harapan yang ingin disampaikan kepada audiens.
Kosakata yang digunakan dalam pidato bahasa Jawa juga berbeda dengan bahasa Jawa yang biasa digunakan dalam percakapan sehari-hari.
5 Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Berbagai Tema dan Mudah Dihafal
1. Contoh Pidato Bahasa Jawa Tema Unggah-Ungguh
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala SMP Rukun Makmur
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu SMP Rukun Makmur
Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMP Rukun Makmur
Sepisan sumangga kita ngaturaken agunging panuwun dumateng Allah SWT, saengga wonten titi wanci punika kita saget muwajahah ing papan menika tanpa alangan.
Sholawat lan salam mboten kasupen tansah kita kunjukaken dumateng nabi panutan kita nabi agung Muhammad SAW.
Bapak Ibu saha kanca-kanca ingkang kinurmatan, Keparenga kula, Amalia, ing wekdal menika ngaturaken sekedhik irah-irah babagan budi pekerti tumrap kita sedaya konjuk nguri-uri budaya jawi wiwit nglaksanakake unggah ungguh utawi budi pekerti kanthi sae saestu supados urip bakal ayem, tentrem, saha bagya.
Para rawuh ingkang satuhu bagya mulya, unggah ungguh ing wekdal menika sejatosipun sampun mrihatinake.
Mila, kita kedah sami-sami sinau babagan unggah ungguh tumrap tiyang sepuh, sesepuh, saha saking Bapak Ibu guru.
Cekap semanten atur saking kula. Menawi kathah kalepatan saha kekiranganipun nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb
2. Contoh Pidato Sambutan Pernikahan
Assalamualaikum Wr. Wb.
Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo hormati.
Soho poro tamu undangan walimatul ursy lan sedoyo pengantar penganten ingkang kulo hormati.
Wonten ing mriki kawulo minangka wakil saking tiyang sepuh ( wali ) temanten jaler inggih puniko Bpk. Tasroni sekeluarga, soho minangka wakil sedoyo pengantar kemanten sangking desa Karangdempel, keparengo matur sepindah bilih sowan kulo sak rombongan mulai bidal sangking desa Karangdempel ngantos dumugi dusun Sikancil mriki Alhamdulillah bilih kawontenan kulo sak rombongan wonten ing perjalanan dipun paringi wilujeng boten wonten setunggal alangan punopo.
Kaping kalihipun kawulo matur nuwun sanget dumateng Bapak H. Tuban sekeluargo, dene menopo kulo sak rombongan tansah dipun sediakan papan pinarakan soho hidangan-hidangan ingkang tansah ngremenaken dumateng manah kawulo, boten sanes mugi-mugi sedoyo meniko tansah ndadosno amal ingkang dipun trami wonten ngarsanipun Allah SWT. Amin.
3. Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Bahaya Narkoba
Assalamualaikum wr.wb.
Dumateng bapak/ibu kepala sekolah, kaliyan bapak/ibu guru ingkang kula hormati
Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Monggo kito ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring rahmat dhumateng kito sedaya. Saengga kito saged makempal wonten ing papan menika kanthi sehat wal afiat.
Bapak ibu serta rencang-rencang ingkang kinurmatan. Wonten ing mriki kula badhe matur irah-irahan bahaya dipunagem narkoba kaliyan obat-obatan ingkang dipun larang. Kito sedoyo sampun keterangan barito ing pawartos tivi sok sinten ingkang ginakaken narkoba bagi dingin bahayanipun narkoba kolo wau.
Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipun tingali saking kesehatan banget meruhi aken dumateng badan kito sedaya. Amargi tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menika gampil kenging penyakit.
Awit meniko kulo ngajak dumateng para warga masyarakat supados ampun pisan-pisan nggunakake narkoba kaliyan obat-obatan terlarang meniko. Monggo kito sedaya gunakaken wekdal sae kagem hal-hal ingkang positif inggih punika maca buku, olah raga sepak bola lan sak panunggalane.
Bapak, ibu guru kaliyan rencang-rencang ingkang kinurmatan kanti pangertosan ingkang sampun kulo aturaken menika
Kulo ngajak monggo kito tansah njaga badan kito ampun ngantos ngginakaken barang ingkang dipun larang agama lan pemerintah. Mugo-mugo kito sedoyo dados umat ipun ingkang becik.
Wassalamu’alaikum wb.wb.
4. Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Perpisahan Sekolah
Assalamualaikum wr.wb.
Dhumateng para bapak/ibu kepala sekolah, saha bapak/ibu guru ingkang kula hormati
Kaliyan rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Monggo kito panjataken dalemipun Gusti Allah ingkang Maha Agung. Awit ing wekdal menika kita taksih diparingi pinaringan sehat sahinggo ing dalem punika kita saged makempal kanthi pinaringan sehat wal afiat.
Kula minangka wakil saking kelas 6 agungin panuwun tanpa umpami kagem bapak lan ibu guru sedaya. Ahmad jaya katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula lan rencang-rencang saengga kula lan konco-konco saged ngrampungaken kewajiban wonten ing pawitan menika.
Kula kaliyan konco-konco naming saged memuji, supados sedaya amal lan kesaenan bapak lan ibu guru pikantuk piwales saking gusti allah ingkang maha kuasa. Saha tansah pinaringan kasarasan kawilujengan lan katentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya.
Mboten kasupen kulo kalian rencang-rencang nyuwun pangapunten. Dalam meniko pernah asring kagem bapak-ibu guru saiki bapak ibu guru duka lan kuciwa. Alat saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan bapak ibu guru sedaya.
Dumateng bapak utawi ibu guru serta adi-adi sedaya, sapisan malih kula ndedonga kagem gusti ingkang pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah.
Wasana cekap semanten ingkang saged kula aturaken menawi kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten.
Wassamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
5. Contoh Pidato Bahasa Jawa Tema Kesehatan
Assalamualaikum wr. Wb.
Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi. Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dumateng Gusti Maha Kuasa ingkang kepareng paring rohmat lan hidayah sehingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo.
Sholawat saha salam senantiasa kita aturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad S.A.W. ingkang kita tengga-tengga syafaatipun benjang ing dinten akhir,. kanthi ucapan Allahumma sholli ala sayyidina muhammad wa ala ali sayyidina muhammad ,
kula jumeneng teng ngriki ajeng medharake babagan Karesikan lingkungan. karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sedaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya, sehingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit.
Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang kita tresnani punika. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan nyaman. Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakake kanthi cara mbuwang larahan/sampah ing panggenan ingkang sampun disediakan, numindakake piket kelas kanthi teratur.
Cekap Semanten atur kawula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula nyuwun agunging samudro pangapunten.
Wassalamualaikum wr. Wb
Itulah 5 contoh pidato bahasa Jawa singkat berbagai tema dan mudah dihafal yang bisa dijadikan referensi.
Editor : Kastolani Marzuki
Artikel Terkait