JAKARTA, iNews.id - Contoh sambutan ketua RT 17 Agustus dalam Bahasa Jawa bisa menjadi referensi untuk disampaikan di berbagai rangkaian acara HUT ke-79 RI.
Hari Kemerdekaan Indonesia pada tanggal 17 Agustus jadi hari yang paling dinantikan oleh seluruh masyarakat Indonesia. Selain merayakannya dengan perlombaan, tanggal tersebut juga seluruh kalangan mengadakan upacara.
Sebelum rangkaian acara 17 Agustus dimulai, biasanya ketua RT memberikan sambutan. Hendaknya sambutan yang disampaikan berisi tentang semangat kemerdekaan dan nasionalisme.
Salah satu bahasa daerah yang bisa digunakan untuk sambutan kegiatan 17 Agustus adalah Bahasa Jawa. Ada baiknya Bahasa Jawa yang digunakan adalah krama inggil. Hal itu bertujuan sebagai rasa hormat kepada para tamu undangan.
Bagi kamu yang sedang mencari contoh sambutan ketua RT 17 Agustus dalam Bahasa Jawa, berikut iNews.id akan berikan informasinya dilansir dari berbagai sumber, Kamis (15/8/2024).
Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus dalam Bahasa Jawa
Contoh Sambutan 1
Sugeng dalu, salam sejahtera kagem sedaya hadirin ingkang kula hormati.
Ing dalu ingkang kebak berkah menika, sumangga kita sareng-sareng ngrayakaken lan ngemut-emut momen bersejarah kagem bangsa kita, inggih punika dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 79. Acara dalu tirakatan puniki dados bentuk pakurmatan lan penghargaan dhateng para pahlawan ingkang sampun berjuang kaliyan gigih demi kamardikan kita.
Kamardikan sanes lah bebingah ingkang dugi kaliyan gampil, ananging kasil saking perjuangan, pengorbanan, lan sengkuyung juang ingkang mboten tergoyahkan. Dinten menika, kita kempal lebet sengkuyung nasionalisme kagem ngemutaken dhiri kita piyambak ajeng nilai-nilai ingkang ndhasari kamardikan: persatuan, gotong-royong, lan keberagaman.
Bangsa Indonesia madeg saking pinten-pinten suku, agami, lan budaya ingkang benten, nanging kita bersatu lebet setunggal sengkuyung kebangsaan. Sumangga kita jagi kebersamaan puniki, jagi kerukunan ing antawis tangga-tangga kita, saha menjalin harmoni lebeting benten ingkang wonten.
Wonten tengah dinamika jaman ingkang terus ebah, sumangga kita perkokoh sengkuyung gotong-royong. Wekdal menika, kita angsal lampah langkung kathah kagem lingkungan antawising kita, kados njagi kebersihan lingkungan, tumut lebet program sosial, utawi maringaken rencangan dhateng sesami ingkang mbetahaken.
Medal dalu tirakatan puniki, sumangga kita tingkataken raos tresna tanah air lan kebanggaan dados wargi indonesia. Sumangga kita sambut masa ngajeng kaliyan sengkuyung optimisme, kontribusi aktif lebeting yasa komunitas ingkang langkung sae lan berdaya.
Kula ngaturaken matur nuwun dhateng sedaya ingkang sampun rawuh dalu menika, saha dhateng sedaya ingkang sampun kontribusi lebeting penyelenggaraan acara menika. Mugi-mugi sengkuyung persatuan lan keberagaman menika terus menerangi langkah-langkah kula lan panjenengan tumuju masa ngajeng ingkang miyos gemilang.
Matur nuwun lan sugeng ngrayakaken dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 79.
MERDEKA! MERDEKA! MERDEKA!
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Contoh Sambutan 2
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,
Para pepunden ingkang satuhu kinabekten, ugi para pinisepuh miwah sesepuh ingkang dhahat kinurmatan.
Lurah [nama wilayah] Bapak/Ibu .... ingkang kula hormati.
Dukuh [nama wilayah] Bapak/Ibu ... ingkang kula hormati.
Bapak-bapak, ibu-ibu warga [nama wilayah] ingkang minulyo, saha sedherek kadang kaneman ingkang sutresna.
Alhamdulillahirobbil 'alamin, wash-shalatu wassalamu ala Rasulillah wala haula walla quwwata illa billah amma ba'du.
Sumangga kula dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti Allah SWT. ingkang Maha Welas lan Maha Asih, ingkang tansah paring mapinten-pinten rahmat lan hidayahipun, saengga kita sedaya saged makempal ingin papan menika saperlu ngrawuhi malam tirakatan 17 Agustus ing [nama wilayah] menika.
Shalawat saha salam mugi katetepaken dumateng junjungan kita sedaya, Nabi Muhammad SAW ingkang kita tengga syafaatipun wonten ing yaumul akhir samangke.
Bapak-bapak saha ibu-ibu ingkang minulya, keparenga kula minangka ketua RT, ngaturaken agunging panuwun dhumateng warga [nama wilayah] ingkang sampun kersa paring pambiyantu dhumateng panitia, saengga reroncening adicara pengetan HUT RI kaping 79 tahun 2024 menika saged lancar saking purwakaning kegiatan dumugi pungkasan.
Para rawuh ingkang kulo hormati, kula ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak-bapak, ibu-ibu, soho adik-adik ingkang sampun kersa nderek sarta ngregengaken lomba 17 Agustus wonten ing [nama wilayah] menika. Mugi-mugi lomba-lomba menika, saged ndadosaken warga [nama wilayah] langkung kompak, langkung guyub.
Bapak-bapak saha ibu-ibu, ingkang pungkasan, kula minangka ketua RT ugi nyuwun agunging pangapunten mbok menawi wonten ing reroncening adicara pengetan HUT RI menika, kathah klenta-klentunipun ingkang mboten nujuprono ing penggalih.
Saking kula cekap semanten, wabillahi taufiq wal hidayah, wassalamualaikum warrahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Sambutan 3
Asssalamualaikum Wr. Wb. Ingkang kinurmatan bapak RW ….
Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para remaja desa ingkang kula tresnani.
Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.
Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan Indonesia ingkang kaping pitung puluh songo. Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan.
Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.
Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.
Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah. Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Contoh Sambutan 4
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Para pepundhen, Para sesepuh, tuwin para pinisepuh Bapak/Ibu Lurah/Dukuh ingkang dhahat kinurmatan, saha para warga padukuhan/RW/RT ingkang minulya, Langkung rumiyin, sumangga kita sedaya amemuji syukur dhumateng Allah Swt. ingkang maringi rahmat, ugi hidayah, saengga kula dalah panjenengan saget mlampah wonten ing papan menika, saperlu ngrawuhi tirakatan pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 79.
Bapak-bapak, ibu-ibu ingkang kula tresnani, Kamardikan Indonesia ingkang dipun pengeti pendhak 17 Agustus boten miyos saking pitulungan bangsa utawi negari sanes.
Kamardikan menika miyos saking usaha para pahlawan, leluhur kita piyambak. Rikala Jumat tanggal 17 Agustus 1945, para founding father sampun kasil maosaken Teks Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia.
Proklamasi dados puncak perjuangan soho pangurbanan para pahlawan supados uwal saking blenggunipun penjajah. Mawi proklamasi wonten ing Jalan Pegangsaan Timur Nomor 56 menika, kamardikan Indonesia dipunkumandhangaken dhumateng saindenging bawana.
Tahun menika, kita sedaya mengeti kamardikan Indonesia ingkang kaping 79. Nagari kita sampun mardika saking penjajah. Namung, perjuangan dereng rampung.
Tasih kathah ingkang saged kita wujudaken supados Indonesia dados nagari ingkang langkung makmur, langkung rahayu, widada nir ing sambekala.
Tirakat ingkang kita lampahi ing dalu menika minangka langkah warga desa/RW/RT kangge muhasabah dhumateng jasa para pahlawan, ugi introspeksi dhumateng menapa-menapa mawon ingkang sampun kita tindakaken kangge ngisi kamardikan.
Ingkang dados pangajab, mugi kita sedanten langkung semangat lan gadhah tekad dados individu ingkang mardika, supados mujudaken Indonesia ingkang langkung mardika.
Wasana, mbok bilih atur kula tasih kathah kekirangan, kula namung saged nyuwun agunging pangaksami. Panutuping atur, billahi taufik walhidayah
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Sambutan 5
Assalamualaikum Wr. Wb. Matur nuwun dhumateng adhik pranatacara awit paringipun wekdal dhateng kula. Kula nuwun, sagung para alim ulama ingkang dhat kinurmatan, saha sadaya warga ageng ... ingkang minulya ing budi.
Kaparenga kula mapras kamardhikan sagung para tamu ingkang saweg satata lenggah eca imbal wacana, nun inggih keparenga kula ngadeg ing ngriki minangka panitia pengetan dinten kamardikan RI ingkang kaping 79.
Langkung rumiyin kula muji syukur dhumateng Allah saha ndherek ndedonga mugi negari kula dalah panjenengan pinaringan dirga yuswa tansah pinaringan sih wilasaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos.
Selajengipun, kula ngaturaken maewu-ewu agunging panuwun awit sedaya warga ... ngriki sampung kersa rawuh ing kalodhangan menika saha kersa paring pambiyantu wujud menapa kemawon ingkang boten saged kula piji mbaka setunggal, saengga adicara pengetan dinten kamardhikan 17 Agustus menika saged lumampah kanthi rancag.
Lan mbok bilih ing dalu menika panitia boten saged caos palenggahan saha pamboja krama ingkang trep kaliyan penggalih Panjenengan sadaya, saestu panitia namung tadhah lumah tetesing aksama.
Sagung para pilenggah ingkang mahambeg berbudi utami, sumangga kanthi pengetan ing dalu menika, sareng-sareng ngengingaken cipta saha ndedonga mugi-mugi negari Indonesia tansah pinaringan gemah ripah loh jinawi, murah ingkang sarwa tinumbas, tuwuh ingkang tinanem, jejeging peprentahan linambaran adil paramarta, boten sami cecengilan, gontok-gontokan rebatan panguwaos, saha enggal luwar saking krisis ingkang ngeres-eresi menika, Allahuma amin.
Wasana, sumangga kasekecakna lelenggahan ngantos paripumaning adicara. Kula piyambeg ingkang kajibah matur namung titah sawantah, ingkang boten sepi saking lepat, pramila menawi kathah sisip sembiring atur saha kirang trapsilaning patrap, kersa mbedhah korining samodra pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb. Wekdal katur dhateng pranatacara. Nuwun.
Itulah ulasan mengenai contoh sambutan ketua RT 17 Agustus dalam Bahasa Jawa. Semoga bermanfaat!
Editor : Kastolani Marzuki
Artikel Terkait